July 10, 2011

Teks Pranata Adicara Tujuh Belasan



MC JAWA
Pranata Adicara

Asalamualaikum wr.wb

#
Assolatu wasalam muala asrofil iwal mursalin sayidina muhammadin wa'ala alihi wasohbihi ajekma'in. Ashadualla ilahailalloh waashaduanna muhammadar rosululloh. Lakhaula wala kuwata ila billa..amaba'du.

#
Dumateng Ngarsanipun pinisepuh , sesepuh ingkang tansah kinabekten, Dumateng panjenenganipun poro alim ulama, poro kiai ingkang tansah sumanding dateng kitab suci wahyuning ilahi, poro panemban pangembating projo satriyaning negari ingkang dados pandam pandoming paro kawulo dasih.

#
Langkung rumiyen keparengo angaturaken puji syukur kunjuk wonten ngarso dalem Alloh swt ingkang sampun kepareng paring mapinten pinten kanikmatan, karohmatan dumateng kulo lan panjenengan sami sahinggo kanti kawilujengan kasarasan saged angrawuhi panghargyan pengetan dinten kamardikan republik indonesia wonten ing dalu puniko.


#
Dumateng ngarsanipun poro lenggah sami kakong miwah putri ingkang tansah kulo hormati, keparengo kulo wonten ing mriki derekaken lumpahing adicoro ing dalu puniko. Nanging sakderengipun adicoro wonten ing dalu puniko dipun awiti keparengo kulo ngaturaken reruncining adicoro wanten ing dalu puniko.

#
#Adicoro ingkang sepindah pambuko
#adicoro ingkang kaping kalih menyanyikan lagu indonesia raya
#adicoro ingkang kaping tigo sambutan
-         sambutan ingkang sepindah saking ketua pemuda-pemudi PEKIK
-         sambutan ingkang kaping kalih saking kepala dusun Glodogan
#adicoro ingkang kaping sekawan puji dzikir lan tahlil  kalajenganken doa lan pemotongan tumpeng
#adicoro ingkang kaping gangsal pembagian hadiah
#adicoro ingkang kaping enem hiburan
#adicoro ingkang kaping pitu Panutup

#
Mekaten menggah reruncining adicoro wonten ing dalu puniko . Pramilo ingkang saking puniko monggo kito awiti adicoro ing dalu puniko.

#
Adicoro ingkang sepindah pambuko
kanthi acoro pambuko puniko monggo ingkang ngrasuk agami islam  kito sareng sareng maos umul kitab alfatihah, mbok bilih ingkang ngrasuk agami sanes kulo sumanggakaken miturut agami lan keyakinanipun piyambak2..pambuko kawiwitan (baca alfatihah)
matur nuwun mugi mugi kanti waosan umul kitab alfatihah puniko adicoro ing ndalu puniko saged lumampah kanthi sae.

#
Poro tamu lenggah  kakong miwah putri ingkang kulo hormati, kito lajenganken Adicoro inkang ongko kalih inggih puniko menyanyikan lagu indonesia raya. Ingkang bade dipun pimpin kaliyan sdrek ..............dumeteng sdrek ........................wedal soho papan kulo sumanggakaken.
#
Poro tamu lenggah   ingkang kulo hormati, kajenganken Adicoro inkang ongko tigo inggih puniko sambutan
-         sambutan ingkang sepindah saking ketua pemuda-pemudi PEKIK dumateng mas ........ wedal soho papan kulo sumanggakaken.( bla bla bla) matur nuwun
-         sambutan ingkang kaping kalih saking pemerintahan setempat dumateng bpk .......................wedal soho papan kulo sumanggakaken..(bla bla bla)
kulo aturaken sanget agenging matur nuwun dumateng ngarsanipun bpk ....................mugi mugi sedoyo atur pangandikanipun saged jumbuh ingkang ginayuh sembodo ingkang sami sinedyo sahinggo pikantuk nugroho saking gusti ingkang moho kuoso.
#
Poro tamu lenggah   ingkang kulo hormati, kajenganken Adicoro ingkang kaping sekawan inggih puniko puji dzikir lan tahlil ngenton doa poro leluhur, soho poro pahlawan kalajenganken doa lan pemotongan tumpeng.
Dumateng Bpk ........wedal soho papan kulo sumanggakaken..(tahlil) matur nuwun kulo tujukaken dumateng bopo sukasdi mugi mugi kanti tahlil puniko sagedo nambah iman lan takwa kito dumateng gusti ingkang moho welas asih. Amin..kalajengaken doa kaliyan pemotongan tumpeng. Dumateng sdrek............wedal soho papan kulo

#
Poro tamu lenggah   ingkang kulo hormati, kajenganken Adicoro ingkang kaping gangsal inggih puniko sumene
Dumateng poro rencang rencang sinoman kulo sumanggaaken ( rampung laden) dumateng poro lenggah kakong miwah putri ingkang tansah kulo hormati wonten ing ngajeng panjenengan sami sampun lumados unjukan soho daharan pramilo kasuwun ngunjuk soho dahar ingkang prayogi..nanging saderengipun monggo dongo sareng 2 kanti kulo derekaken..dongo kawiwitan..( bismillah allohuma.....)sumonggo

#
Poro tamu lenggah   ingkang kulo hormati, kajenganken Adicoro ingkang kaping enenm inggih puniko hiburan












#
Poro tamu lenggah   ingkang kulo hormati, kajenganken Adicoro ingkang pungkasan inggih puniko panutup
mekaten lelampahing adicoro adicoro panghargyan wonten ing dalu puniko. Mbok bilih ing saklaminipun kulo kulo nderekaken adicoro wonten ing dalu puniko pinanggih lepat, kanti andap ashoring manah kulo nyuwun agenging samudro pangaksami. Monggo adicoro ing ndalu puniko kito tutup kanti waosan hamdalah  (alhamdulillah) wabilahi taufik walhidayah.


Asalamualaikum wr.wb

BERITA LENGKAP DI HALAMAN BERIKUTNYA

Halaman Berikutnya

2 comments